Angry Birds -  Help Laporan Kegiatan ^^ | GraciellAbs

Laporan Kegiatan ^^

A. Laporan Kegiatan



Sawijining kegiatan bisa ditindakake kanthi lancar yen dirancang luwih dhisik samubarange. Carane gawe laporan kegiatan kudu dirancang kanthi sistematis, utawa ndhuweni susunan kang baku.. Sajrone laporan mau kudu ana perangan pambuka , isi , lan penutup.  Laporane kudu ngemot kabeh kegiatan lan prastawa kang kelakon lan kudu mujudake sakabehing proses kegiatan.
Supaya gampang nyusun laporan, prayogane nggawea reng-rengane dhisik.



B. Tuladha Reng-rengan Laporan Kegiatan

Irah-irahan : Kegiatan Pengetan HUT RI ing sekolah (Tuladha)
I  . Pambuka (ngandhut bab-bab sing ana gegayutane karo ancas kene apa dianakake kegiatan kasebut)
II . Isi : 
     1. Susunan Panitia
     2. Susunan lan jadwal kegiatan/lomba
     3. Anggaran Dana
     4. Lumakuning kegiatan
     5. ... lan seteruse
III. Panutup
      1. Dudutan
      2. Pangajab


Adhedasar reng-rengan kasebut, rerangkene tulisan kita gegayutan karo kegiatan sing wis kaleksanan bisa dikembangake saengga mujudake sawijining laporan kang jangkep.


Sugeng Sinau ^^ Sing sregep nggih ^^


Graciella ^^

0 komentar:

Posting Komentar